Piye?
Negoro ini negoromu, nanging dudu negoromu dhewe. Kowe lan kelompokmu ora urip dhewe ning kene. Isih ana wong liya, ana kelompok liya. Kowe bakalan butuh wong liya. Kelompokmu bakalane butuh kelompok liya.
Menungso kuwi diciptakne bedo-bedo, ojo mbok pekso kudu podho. Menungso diciptakne berbangsa-bangsa lan bersuku-suku ben saling kenal, ben duwe paseduluran. Hla kok kowe, sing jaremu didadekno pembawa kedamaian, kok sajake malah pengen gawe bubrah.
Hla kowe ki sopo sakjane kok ngatur-ngatur? Njaluk dingerteni, yen adzan kebanteren diprotes jare liyane dho ra nduwe toleransi. Yen pasa dho dodolan panganan, jaremu yo dho ra nduwe toleransi. Hla kowe ki mikir pora? Kowe nduwe toleransi pora nyang liyane? Uwong-uwong sing bedo ko kowe? Yo saiki ngene wae lah. Yen nyat o njaluk uwong liya nduwe toleransi nang kowe, yo kowe kudu nduwe nang wong liya.
Piye?
![]() |
www.pinterest.com |
Komentar